MBAH FADHOL PAMATON


★MBAH FADHOL PAMOTAN★
▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔▔

Assaamu'alaikum mas jhooon.. pripun kabare taseh pinaringan kesehatan lahir batin? Alhamdulillah nek ngoten..

Tadi pas berangkat kerja perasaan saya tancap gas 80 keatas lha kok ngiter vespa gak candak... jane vespa model opo... kudu pingin mbedil vespane.. hihi.. dari pada nglantur mas jhooon monggo kita simak wejangan dibawah ini ⇩⇩

→ Oleh - oleh waktu sowan Mbah #Fadlol Pamotan ( senin 26 juli 2016 )

●▷ " Guruku Mbah Zubair Sarang ( ayahanda Syeh Maimun Zubair ) iku kiyai Tulen rino wengi isine mung ngaji tur ngajine yo kepenak, nek bar magrib sampai jam 9 bengi ngaji kitab Asybah wan nadloir terus ngaji kitab tafsif Baidlowi mulai jam 9 sampai jam 11 bengi nek aku koyok ngono yo wes dengke'en gegerku mulane aku dadi kiyai cilik lah "

●▷ " Mbah Fadlol Senori iku yo guruku , apal Alqur'an mung itungan sak wulan, mondok'e neng Mbah Hasyim Asy'ari kanti mongso sediluk tur yo di tes Mbah Hasyim lan lulus , boyong dadi ulama seng ora kepincut dunio tur iso ngarang kitab akeh ,

●▷ " Gus Sahal Mahfudz Kajen iku koncoku mondok no Sarang , wonge Alim tur dadi kiyai gede lan kondang tapi gak apal Alqur'an , nek aku dadi kiyai cilik lah tapi lak apal Alqur'an lan Alhamdulillah yo sak tafsire "

●▷ " Saben dino aku wajib ngatamno Alqur'an sepisan mergo wong apal Alqur'an iku abot sanggane tanggung jawabe yo gede , 5 dino gak nderes iku ae wes do amburadul apalane "

●▷ " Wong apal Alqur'an kok kanggo golek duwit contone nek diundang kok grundel mergo sangune kurang kandel iku neroko ancamane koyok ngendikane Alqur'an

إِنَّ الَّذِينَ يَشْتَرُونَ بِعَهْدِ اللَّهِ وَأَيْمَانِهِمْ ثَمَنًا قَلِيلًا أُوْلَئِكَ لَا خَلَاقَ لَهُمْ فِي الْآخِرَةِ وَلَا يُكَلِّمُهُمْ اللَّهُ وَلَا يَنْظُرُ إِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيم
ٌ
●▷ " aku ngaji tafsir Jalalain wes 56 tahun yo wes 56 khataman mulane apal tafsire "

●▷ " ngaji ihya' ulumuddin iku aturane ora oleh gowo pakaian seng apik-apik , nek iso gombal2 seng wes diguwak iku kumbah seng resik terus nggo ngaji "

●▷ " Kiyai Maimoen iku umure wes 90 tahun nek aku 79 tahun "

●▷ " Nek kuwe didalili Kiyai Maimun yo klepek-klepek nek aku yo wani mbales mergo podo kiyaine tur zaman enom yo ngumpul bareng neng pondok "

●▷ " Zaman umur 17 tahun aku pernah mati amergo ceblok ko wit klopo , waktu aku wes dilebokno liang kubur tur arep diuruk, aku urip maneh , Alhamdulillah terus digampangake mahami ilmu lan ngapalno Alqur'an lan sampai saiki aku gak tau loro / sakit "

●▷ " Kuwe kabeh iku adoh - adoh soko Pati pingin dolan ngomahku mugo-mugo kelebu ngendikane Rosululloh SAW

من زار عالما وحافظا من القرآن فقد زارنى فى حياتى

Sopo wonge dolan maring wong Alim lan wong seng apal Alqur'an podo ugo wonge dolan maring aku ( Rosululloh ) ingdalem waktu gesangku "

●▷ " seng dimaksud wong alim iku seng ora kecampur pegawai negri , nek alim kok seneng kecampur pegawai negri mongko iku nggorohi ( berdusta ) maring Kanjeng Nabi lan wong-wong iku tergolong Maling "

●▷ " Elek-elek'e umate Kanjeng Nabi iku seng ora gelem nikah lan apik-apik'e umate kanjeng Nabi iku bojone 4 seng iso adil , nek aku bojo sijilah mergo adil iku abot sanggane "

●▷ " Iki omahe anakku seng lagi dibangun nek aku dewe gak pingin nduwe omah apik mergo apik- apik'e omah iki iseh apik omah sok mben "

●▷ " Nek sok aku dilebokno suwargo mugo-mugo wong seng ngaji karo aku , wong seng lungguh bareng karo aku iso tak geret mlebu bareng karo aku "

Ketika kami pamit pulang lalu bersalaman , beliau menggenggam erat tangan kami lalu dawuh

●▷ " mugo-mugo klebu ngendikane kanjeng Nabi

من تصافح عالما وجافظا من القرآن فقد تصافحنى

Sopo wonge salaman karo wong Alim lan wong seng ngerekso Alqur'an mongko wong iku podo karo salaman karo aku "

Semoga panjang umur

☆ LAHUMUL FATIHAH.......

Dikolak dari : Gus Kiky Boss

SEKIAN

Saya tutup dengan kata°° bijak dari tukang tambal ban ⇩⇩

Tak kenal maka tak sayang, istri tidur terlentang masa depan terang

0 Response to "MBAH FADHOL PAMATON"

Post a Comment

Monggo yang mau berkomentar baik itu kritik, saran, masukan, atau motivasi, asal tak ada unsur Caci mencaci, Pelecehan agama, Pelecehan seksual dan Merayu istri orang

⇧ ISI KOMENTAR FACEBOOK DIATAS ITU ⇧

⇩ ISI JUGA KOMENTAR DIBAWAH INI ⇩

IKUTI FANS PAGE PGP